Search This Blog

Monday, October 4, 2010

MEMBEDAH SEKAR DHANDHANGGULA SIRAMAN (1)

Di dalam tradisi Jawa, khususnya di dalam rangkaian tatacara pernikahan, dikenal adanya upacara siraman. Upacara siraman adalah sebuah upacara yang dilaksanakan untuk membuka rangkaian acara pernikahan, yaitu dengan memandikan calon pengantin. Pelaksanaan upacara ini biasanya segari sebelum upacara temu/panggih dilaksanakan.
Meski akhir-akhir ini sudah jarang ditemui, di dalam upacara siraman biasanya dilantunkan Sekar/Tembang Macapat Dhandhanggula Siraman. Tembang tersebut digunakan untuk mengiringi ketika calon pengantin dimandikan. Bukan hanya sebagai pemanis, namun pelantunan Sekar Dhandhanggula Siraman tersebut dimaksudkan sebagai doa, permohonan, harapan, serta petuah bagi calon pengantin. Itulah salah satu kelebihan orang Jawa, yang mampu merakit banyak hal di dalam sebuah tembang.
Sekar/Tembang/Lagu Macapat Dhandhanggula Siraman terdiri dari 7 pada (bait). Hal ini disesuaikan dengan jumlah beborèh (lulur) yang digunakan pada saat memandikan pengantin, dimana masing-masing dibedakan menurut warna. Adapun warna beborèh tersebut adalah merah (rekta), hitam (langking), kuning (jenar), biru, ungu (wungu), putih (séta), dan hijau (wilis). Di dalam penggunaannya juga tidak asal saja, melainkan diurutkan dari merah, hitam, kuning, biru, ungu, putih, dan terakhir hijau.
Masing-masing warna memiliki makna, maksud, dan tujuan tersendiri, seperti yang terungkap di dalam Sekar Dhandhanggula Siraman berikut ini.

1.             Gya siniram hangganya Sang Putri
Tirta wening kang amawa cahya
Beborèh rekta warnané
Ginosok hangganipun
Sinarengan mantra kang mijil
Larut memalanira
Ngaléla dinulu
Watak setya tinarbuka
Tangguh tanggon teguh tumanggaping kardi
Santosa budinira

2.             Sumamburat cahyanya nelahi
Ngégla cetha katon angaléla
Datan sisip pamawasé
Langking beborèhipun
Puji harja mijil pangèsthi
Prawira watakira
Luhur budinipun
Tuhu tresna mring sasama
Luluh lulus lila legawa tan lali
Kalis ing sambékala

3.             Angenguwung malengkung kaèksi
Gilar-gilar sumunar ing warna
Mancorong jenar urubé
Warna jenar puniku
Watak sabar ingkang pinanggih
Utama lan narima
Waspadèng pandulu
Mardu mardawa micara
Mawuhara tata, titi, tatas, titis
Dadya tepa tuladha

4.             Katon  padhang  sumilaking  warni
Surya, candra, daru lan kartika
Dadya sajuga soroté
Beborèh warna biru
Setya tuhu ajrih lan asih
Tresna marang sudarma
Bekti watakipun
Trap susila anuraga
Datan sisip nggènira manembah Gusti
Bagya mulya sinedya

5.             Ganda arum ingkang angebeki
Warna-warna warnining kang sekar
Katingal wening tirtané
Wungu beborèhipun
Mengku werdi ingkang sejati
Lega lila ing nala
Éklas watakipun
Wahyu mulya kang sinedya
Bagus alus tulus lair trusing batin
Mulya tekèng delahan


6.             Werdi agung pralambanging urip
Amancurat cahya kang katingal
Warna séta beborèhé
Langgeng nggènnya amengku
Datan wudhar dènnya angèsthi
Manembah Maha Nata
Gusti Maha Agung
Netepi jejering titah
Amung pasrah-sumarah ngarsa Hyang Widhi
Sandika ngèstu pada

7.             Paripurna nggènira sesuci
Siram jamas reresik sarira
Kang minangka pungkasané
Wilis beborèhipun
Wicaksana wataking jalmi
Kéblat panembahira
Pana ing pandulu
Cinaketan mring Hyang Suksma
Lekasira pantes tinulad sasami
Purwa madya wasana


Daftar Pustaka :
Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta. 2006. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa). Yogyakarta:Kanisius.
Harjawiyana dan Supriya. 2007. Kamus Unggah-ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:Kanisius.

No comments:

Post a Comment