Search This Blog

Wednesday, October 20, 2010

URUN REMBAG: NGLERESAKEN CAKEPAN SEKAR PANGKUR LAN SINOM

Kadereng saha sinurung ing raos tresna dhumateng kaéndahaning Sekar Macapat, ing kamangka punika minangka tilaranipun para winasis, pramila kaparenga kula ndhèrèk urun rembag. Ingkang badhé kula aturaken punika ngenani cakepan punapa déné pocapan ing Sekar Pangkur saha Sinom, ingkang taksih asring kapireng bènten kaliyan cakepan ingkang samesthinipun.
Ingriki ingkang badhé kula aturaken inggih punika satunggal pupuh Sekar Pangkur saha 1 pupuh Sekar Sinom, ingkang asring dipun sekaraken minangka bawa déning para sanak-kadang wiraswara punapa déné swarawati. Kula piyambak nglenggana, bilih wontenipun cakepan ingkang kirang leres punika jalaran anggènipun sinau para kadang seniman-seniwati kalawau namung saking gethok-tular ing antawisipun sasaminipun, tanpa linandhesan seratan ingkang baken lan pinitados.
Wonten ingriki cakepan/tembung ingkang taksih asring kapireng kirang leres punika badhé kula serat mawi aksara murda, supados nggampilaken anggèn kita maos saha nyuraos. Mugi seratan punika migunani tumrap kita sadaya. Nuwun, matur nuwun.

SEKAR PANGKUR:
Mingkar mingkuring ANGKARA = (sanès ukara)
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih KERTARTA pakartining ngèlmu luhur = (sanès katata/ketata)
Kang TUMRAP NÈNG tanah Jawa = (sanès tumraping)
Agama ageming aji

(Kapethik saking Serat Wédhatama, anggitan dalem swargi K.G.P.A.A. Mangkunagara IV)

Artinya:
Petuah ini bukan tentang amarah, tetapi tentang nasihat, maka kata-kata dan nada bicara yang disampaikan pun seperti ketika sedang menasihati seorang anak. Disampaikan dengan kata-kata yang indah seperti sebuah lagu. Nasihat ini berisi tentang kebijaksanaan yang dimiliki oleh orang Jawa, berdasarkan pada keyakinan dan kebenaran dari agama yang dianut.

SEKAR SINOM:
NULADHA laku utama = (nulådhå, sanès nuladhå/nuladå. å = o ing tembung kelompok)
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngèksiganda
Panembahan Sénopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
PINEPSU tapa brata = (sanès rinepsu)
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun KARYA NAK TYASING sasama = (asring kirang cetha pocapanipun)

(Kapethik saking Serat Wédhatama, anggitan dalem swargi K.G.P.A.A. Mangkunagara IV)

Artinya:
Teladanilah perilaku utama
Bagi orang tanah Jawa
Orang Agung dari Mataram
Panembahan Senopati
Habis-habisan berusaha
Mengurangi hawa nafsu
Bertapa sepenuh hati
Baik siang maupun malam
Membangun enaknya hati sesama.

No comments:

Post a Comment