Search This Blog

Thursday, October 21, 2010

HOM YAHOM YAHÈNG

Pethitha-pethithi kaya tikus pithi
Cah sekolah sanguné wisky
Hom yahom
Corat-coret ngebaki kitab
Jaré ngudi kapinteran
Jebul nyakari buntutan
Wèlèh-wèlèh
Éram temenan
Pra priya adol rasa
Rasa kaumbar mangambar gedhéning asmangkara
Lathi dadya pamikuting wanodya
Hom yahèng
Déné pra Kenya tan karsa kasoran sajuga
Saben dina pamit arisan
Nging jebulé golèk kencanan
Ngumbar rasa hambabar tresna semu binungkus hardaning napsu
Jaréné iki jamané emansipasi
Hom yahèng
Byaaaak kawiyak
Bareng nétra miyak amba
Nyatané wus kadaluwarsa
Bathara Surya wusnya nedya néndra
Kamangka jiwa durung tumungkul
Hom yahom yahèng
Donyané wus édan
Édané wus donyani
Manungsa kadunungan sétan
Sétané wus manjalma manungsa
Gèdhèg-gèdhèg mustakaningwang
Hom yahom yahèng

Jakarta, 7 Juni 1994
Antonny Gersang

No comments:

Post a Comment