Déning: Antonius ‘Gersang’ Pujianto
Sun hanggurit
Guriting nala kang lagya rinujit
Lungsed kasesep ing sepi-sepining wingit
Sun hanembang
Tembanging pikir kang lagi ngambang
Ngambara ing awang-awang mokal sinawang
Dhuh Jawata Gung
Mugi karsaa paring pitulung
Mring manah ingkang nembé kaltikung ing wuyung
Tinedahna margi kang sayektos
Murih tan nalisir sedyaning batos
Kamus:
Sun : aku
Gurit/geguritan : puisi
Nala/manah : ati
Lagya : lagi
Rinujit : disuwir-suwir
Lungsed : kumel, ’lecek’
Wingit : angker, mawa prabawa
Ngambara : ’mengembara’
Mokal : ’tidak mungkin’
Katlikung : ’terjerat’, kapilut, kapikut
Tinedahna : ’tunjukkanlah’
Margi : dalan
Sayektos : sayekti, ’sebenarnya’
Murih : supaya
Tan/datan : ora
Nalisir : ménggok, metu saka dalan kang satemené
Sedya : karep, krentegDaftar Pustaka :
Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta. 2006. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa). Yogyakarta:Kanisius.
Harjawiyana dan Supriya. 2007. Kamus Unggah-ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:Kanisius.
No comments:
Post a Comment