Search This Blog

Thursday, October 21, 2010

PRASAPAKU

(Penari XVII)


Semburat cakrawala ing brang wétan
Mratandhani titimangsa wusnya gantya ari
Memanukan ngocèh ngoncèki raketing nétra kang maksih néndra
Néndraning janma kang kalimput nikmating embun kang tumètès mbaka sajuga
Nanging
Sakecap baé durung kawetu sedyamu
Apa amarga mung srandhal jepit kang dak sandhang nalika methukaké sliramu
Mula agawé sungkan sungkawa ing batinmu?
Wruhanana
Yèn kréta kencana pancèn durung naté dak duwèni
Kajaba yèn tinuku nganggo janggaku
Apa sliramu téga?
Apa amarga mung kekidungan kang dak gawa nalika mapag sliramu
Saéngga rojah-rajèh atimu?
Wruhanana
Yèn donya brana pancèn durung naté lumuber mring aku
Kajaba yèn gelem adol wirang isin lan paitan ati watu
Apa sliramu téga?
Yèn pancèn sing dadi pamundhutira donya kang bisa dinulu
Aku trima pasrah lan pamit mundur baé
Sanadyan ta atiku wus kadhung ajur-mumur kanteban tresnamu
Aku wedi manawa gawé kuciwaning tyasmu
Awit ya mung ati kang tulus mulus
Sarta reroncèning katresnan kang sejatiné sun duwèni
Éwadéné manawa iku baé wus murakabi
Lan bisa agawé dhanganing panggalihmu
Aku nedya setya tuhu angranti tekamu
Prasapaku
Nedya ngentèni sliramu sanadyan nganti praptèng lampus

Jatisrono, 6 Oktober 1997
03.27 WIB
Antonny Gersang

No comments:

Post a Comment