Search This Blog

Thursday, October 21, 2010

YÈN WUS TEKAN WANCINÉ

(Gurit marang Adhiku)

Adhi
Coba sawangen
Kabèh kang ana iki datan langgeng
Sadaya bakal musna
Mung angantu titi mangsané
Adhi
Wusnya ginaris ing pesthi
Aku pinanggya lawan sliramu
Seneng, resep, anyep, ayem angebeki kalbu
Iku mau tan ana liya kajaba ya wus katekan ing mangsané
Adhi
Yèn ta mengko uga wus katekan ing mangsané
Awaké dhéwé uga bakal pinisahaké malih
Rasa seneng, ayem, tentrem kang saiki ana
Bésuké bakal dadya seratan ing lembaraning Maha Kitab
Déné awaké dhéwé iki banjur bakal diujuraké mangalor
Pasrah sumarah mring Hyang Manon
Kinemulan pangabekti ingkang duk inguni kita ayahi
Dèn padha diéling Adhi
Nganti katekan ing mangsané mangké
Mula saka iku dhuh Adhiku kang tinresnan ing Gusti lan sasami
Jalaran datan ana kang bisa mesthi tumuruning pesthi
Aywa kongsi wedi ing pambudi
Bebarengan ngupadya marganing hayu
Gentur sung bekti pangastuti marang Hyang Widi
Kinanthèn welasing manah mring sasami
Ayo Dhi
Dipadha sumadya


Jatisrono, 1 April 1992
Antonny Gersang

No comments:

Post a Comment