Search This Blog

Sunday, October 17, 2010

SEKARING ATI

Déning: Antonius ‘Gersang’ Pujianto

Kenya iku aran Sekar
Mula pancèn dadi sekaring ati tumraping sapa baé kang nyipati

Asrep rumesep jroning kalbu èsèmé
Arum gandanya ngungkuli melathi sèwu kang rinoncé

Lir samirana sumilir ing urubing dahana
Agawé molad ngalad-alad, mubal-mubal urubing asmaradahana

Dhuh Sang Kenya kang supenuh ing sih
Kembarana kridhaning tyas ingsun
Paringa lejar mring batin kang ngorong ing katresnan

Gya tumungkul suksmaku
Sung puji mring Sang Hyang Widi
Awit Panjenengané wus karsa paring pepéling lantaran Sang Kenya
Yèn ta urip kang mung sepisan iki
Prayoga menawa tansah kinebekan ing katresnan suci
Tresna sejati tanpa ngétung bathi lan rugi

Dhuh Sang Kenya kang aran Sekar
Mugi tinampi atur panuwunku iki

No comments:

Post a Comment