Search This Blog

Monday, October 18, 2010

PINESTHI

Déning: Antonius ‘Gersang’ Pujianto

Lair...
Urip...
Rejeki...
Jodho...
Pati...

Suka-parisuka nalikané janma linairaké ing bawana
Kasok sakèhing puja-panembrana mring Hyang Ma Wasésa

Urip-urubing janma jinangkung ing Gusti
Nanging dèn éling
Tan kena léna ing panembah nadyan mung sajangkah
Awit Gusti sayekti kang ngurubi

Lampahira ing donya kinantèn rejekining Hyang Widi ugi
Mula dènnya ènthèng sung pitulung
Marang sapa baé kang lagya katriwal
Bandha-bandhu dudu sanguning mukti
Nanging mung sarana nggayuh resiking budi

Pindha ari lan ratri
Kanan kalawan kéring
Nisakara mring bagaskara
Janma wusnya ginaris jinodhokaké ugi
Prayoga dèn rukti jodhonira
Mulya mukti tansaha sesèndhèn mring sabdaning Hyang Ma Tresna
Nirmala, nirbaya, niskala niscaya dèn tampi ngantya wuri

Lir urubing agni
Yènta wus tumekèng pesthi bakal surut napasing jalmi
Aywa wedi awit wus jinangka wiwit mulabuka
Jer pati iku mung margining jalmi nggènnya bakal nampi kamuktèn sejati
Mangayun ing Ngarsaning Gusti Kang Akarya Loka
Murih bisa nampa ganjaran ingkang sakalangkung luhung

Mula mulané mula
Mangga samya tansah ngupadi gesang kang suci
Supados ing tembé pantes nampi nugrahaning Widi
Gesang mulya ing swargaloka

No comments:

Post a Comment