Search This Blog

Thursday, October 21, 2010

HOOM AWIGNAM ASTU

Hoom awignam astu
Kidung kadéwatan wusnya kapireng
Nging ngapa èsemmu tan kawistara?
Padatan surya sumunar ing nétramu
Satemah gawé padhang jagadku
Hoom awignam astu
Kidung dumeling dadya pepéling
Ati wening dununging éling
Lumrahé ati dadi ayem
Hoom awignam astu
Kidug kadéwatan wusnya dumeling
Ing telenging ati kang wening
Hoom awignam astu

Jatisrono, 25 Mei 1994
22.10 WIB
Antonny Gersang

No comments:

Post a Comment