Search This Blog

Thursday, October 21, 2010

OH

Mimis-mimis lonjong tambah lonjong
Nalikané nembusi dhadha-dhadha suci
Tangising bayi kadya udan
Gawé trenyuhing ati
Banjur kapan sira bakal trentrem?
Élinga!
Tangia saka gebyaring dosa
Kang peteng ndhedhet
Lan agawé sangsara
Sawangen
Winihing gandum
Sumbering banyu
Kang kumudu-kudu tuwuh lan lumubèr
Dadi asat lan mati
Jalaran saka dayaning murkanira


Larantuka, 17 Oktober 1992
Antonny Gersang

No comments:

Post a Comment