Search This Blog

Thursday, October 21, 2010

JAKARTA

Èsemu manis butrawali
Agawé sengseming ati
Semu!
Sliramu tansah janji
Bakal tansah awèh rejeki
Jebul uga pati
Wengis!!
Tansah kapolès pasuryanmu
Jinejegaké dedegmu klawan oyod-oyod beton
Kobabar-tumangkaraké kéwan-kéwan waja
Déné atimu
Mundhak dina mundhak candra tan béda
Saya suwé saya atos kadya séla item
Tega mbungkem kang sejatiné padha butuhaké piwelasmu
Apa sira ora lingsem?
Oalaaaaaah...
Jakarta... Jakarta...
Aja manèh kang aran rejeki
Nadyan katresnan baé yo wus dèn rampas
Kekasihing atiku kopikut
Kalimput ing pedhutmu kang peteng ndhedhet
Jakarta
Raupa tirta kang wening
Ngadhepa kaca pangilon
Sawangen githokmu
Leremna kamurkanira
Kang gawé janma tegel mangsa manungsa sapadhaning tumitah

Jakarta, 10 Juni 1992
Antonny Gersang

No comments:

Post a Comment