Search This Blog

Thursday, October 21, 2010

SING LANGGENG

Kaya ngimpi rasané
Lumaku ing ara-ara samun
Kang aran jagad
Kaya ngimpi rasané
Nyawang gumebyaring wana
Kang aran kutha
Lamun padha mangertiya sira
Kabèh iku namung sakedhèping nétra lawasé
Banjur laaaaap...
Musna, sirna, sinamber pepesthèning Hyang Ma Pesthi
Mula mulané mula
Aja kendhat nyawang kang ana ing dhuwur kaé
Kamulyan sejati kang sinebut swarga
Kamuktèn lan urip langgeng kang sinebut mulya
Nuli dèn padha tumungkul
Sadheku saluku juga
Ngandhapaken manah ingarsa Dalem Hyang Ma Suci
Mugya lampah tansah jinagi
Nora nerak angger sabdaning Pangran
Satemah mulya mukti gesang ing donya tumekèng delahan

Jatisrono, 1 April 1992
Antonny Gersang

No comments:

Post a Comment