Pada/Bait (5):
5. Ganda arum ingkang angebeki
Warna-warna warnining kang sekar
Katingal wening tirtané
Wungu beborèhipun
Mengku werdi ingkang sejati
Lega lila ing nala
Éklas watakipun
Wahyu mulya kang sinedya
Bagus alus, tulus lair trusing batin
Mulya tekèng delahan